ABSTRAK Rena Kusuma Pratiwi. ?Tindak Tutur Direktif Salebeting Novel Ombak Sandyakalaning Karya Tamsir AS?. Skripsi. Purworejo: Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2012. Prekawisipun ingkang wonten salebeting panaliten inggih punika tindak tutur direktif napa kemawon ingkang dipunginakaken salebeting novel Ombak Sandyakalaning karya Tamsir AS. Teori-teori ingkang dipunginakaken ing salebeting panaliten tindak tutur direktif salebeting novel Ombak Sandyakalaning karya Tamsir AS inggih menika teori pragmatik, tindak tutur, jenis tindak tutur, tindak tutur direktif ing salebeting teori Rustono 1999. Panaliten menika kalebet panaliten kualitatif. Kangge mangertosi wujuding tindak tutur salebeting novel Ombak Sandyakalaning karya Tamsir AS panaliti ngginakaken metode deskriptif kualitatif. Pendekatan deskriptif kualitatif inggih menika pendhekatan ingkang ngengingi ingkang sanes awujud angka nanging awujud kwalitas wujud-wujud variabel ingkang awujud tuturan. Teknik pengempalaning data ingkang dipunginakaken inggih menika piranti pengempal data ingkang dipunsebat kertu data. Kertu data wosingipun (1) perangan kapisan isinipun nomer data, (2) perangan kaping kalih isinipun tuturan saking tokoh ingkang salebeting novel. Asil panaliten inggih menika jinis tindak tutur direktif salebeting novel Ombak Sandyakalaning karya Tamsir AS inggih menika dipun pinanggih jinis tindak tutur direktif ingkang ngliputi indikator: a. tindak tutur direktif kanthi indikator meksa, kadosta: ayo melu, ayo lah, ayo mulih, wis ta; b. tindak tutur direktif kanthi indikator ngajak, kadosta: ayo mudhun, ayo mulih, ayo pijet-pijetan, ayo bareng aku, ayo dak ter; c. tindak tutur direktif kanthi indikator nyuwun, kadosta: pendhemen, lumahna, segelas maneh, mandhega, sepisan maneh, aja nangis; d. tindak tutur direktif kanthi indikator ngengken, kadosta: delengen, sigegana, wengakna; e. tindak tutur direktif kanthi indikator ndhesek, seperti: lanang apa wedok, ana ngendi, ana apa; f. tindak tutur direktif kanthi indikator nyuwun kanthi sanget, kadosta: pikiren sepisan maneh, aku kesepian; g. tindak tutur direktif kanthi indikator paring pramayogi, kadosta: pikiren sing tenan, bisa milih endi sing apik lan endi sing elek, ngati-ati; h. tindak tutur direktif kanthi indikator mrentah, kadosta: openana, celupna; i. tindak tutur direktif kanthi indikator nagih, kadosta: wis pira bae; j. tindak tutur direktif kanthi indikator paring aba-aba, kadosta: aja nakal; k. tindak tutur direktif kanthi indikator nantang, kadosta: ora srujuk, aja, his. Kata Kunci: Analisis, Tindak Tutur Direktif, Novel.