ABSTRAK Ismi Iswanti. ?Pencitraan Tokoh Wanita Dalam Novel Wong Wadon Dinarsih Karya Tamsir AS. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2012. Panaliten menika ancasipun badhe mangertosi srtuktur ingkang mbangun ing salebetipun novel Wong Wadon Dinarsih ingkang ngliput undheran, paraga lan penokohan, alur, latar, kaliyan mangertosi citra paraga wanita ingkang ngliput aspek fisik, aspek psikis lan aspek sosial ing kaluwarga. Panaliten menika kalebet panaliten deskripsi kualitatif. Subjek panaliten menika novel ingkang irah-irahan Wong Wadon Dinarsih karipta Tamsir AS ingkang dipunterbitaken dening PT Bina Ilmu, Surabaya, taun 1991 kanthi kandelipun 139 halaman. Objek panaliten menika struktur ingkang ngliput undheran, paraga lan penokohan, alur, latar kaliyan pencitraan paraga wanita ingkang ngliput aspek fisik, aspek psikis lan aspek sosial ing kaluwarga ingkang wonten ing salebetipun novel Wong Wadon Dinarsih karipta Tamsir AS. Data kaliyan sumber data salebeting panaliten menika struktur kaliyan citra paraga wanita salebetipun novel Wong Wadon Dinarsih, sumber datanipun novel Wong Wadon Dinarsih. Instrumen panaliten menika pangripta kiyambak. Teknik ngempalaken data ingkang dipunginakaken: teknik pustaka, catat kaliyan observasi. Teknik analisis data ingkang dipunginakaken: metode analisis isi. Teknik penyajian data ingkang dipunginakaken: teknik penyajian informal. Saking kasil analisis saged dipunpendhet dudutan bilih salebeting, novel Wong Wadon Dinarsih karipta Tamsir AS kasilipun: (1) struktur novel Wong Wadon Dinarsih karipta Tamsir AS: undheranipun inggih menika perekonomian, paraga utami: Dinarsih kaliyan Sudarmin, paraga pambiyantu: Mbokdhe Supi, Latifah, Dulrakim kaliyan Patah. Aluripun: alur majeng. Lataripun kadosta latar panggenan: gardhu, warung ayu (PSK), peken Lodoyo, peken Wage, Tlumpu, Kembangarum, Selokajang, LP kaliyan candhi Mberjati. Latar wekdal: enjing, siyang, sonten, ndalu lan taun. Latar sosialipun minangka status sosial menengah mangandhap. (2) citra wanita ing novel Wong Wadon Dinarsih inggih menika nyangkup citra dhiri kaliyan citra sosial. Citra dhiri Dinarsih, Latifah kaliyan Mbokdhe Supi. Salebetipun aspek fisik paraga wanita Dinarsih kaliyan Latifah ing salebetipun novel menika dipungambaraken minangka wujuding wanita ingkang ayu, paraga wanita Mbokdhe Supi salebetipun novel dipungambaraken minangka wujud wanita ingkang sampun dewasa (sepuh). Salebetipun aspek psikis paraga wanita Dinarsih dipungambaraken minangka wanita ingkang sampun dewasa nanging melanggar norma susila, Latifah kaliyan Mbokdhe Supi nggadhahi kapribaden ingkang saged dipunpertanggung jawab dhumateng tiyang sanes awit kadhewasaning kapribadhen ingkang dipungadhahi. Citra sosial salebetipun kaluwarga, Dinarsih minangka salah satunggaling garwa estri lan minangka peranganing kaluwarga bilih Latifah kaliyan Mbokdhe Supi minangka peranganing kaluwarga sanes. Kata Kunci: citra wanita, feminisme, paraga utami, novel Wong Wadon Dinarsih