Wahyu Nur Alifiana. Perubahan Budaya Dalam Tradisis Nyadran Di Kelurahan Ngantru, Kecamatan Trenggalek, Kabupaten Trenggalek, Jawa Timur. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2013 Penelitian menika medharaken babagan (1) Prosesi tradisi nyadran ing Kelurahan Ngantru, (2) Ewah-ewahan ing tradisi nyadran, (3) Surasa simbolik ingkang ubarampe ingkang dipun ginakaken wonten tradisi nyadran ing Kelurahan Ngantru. Penelitian ?Perubahan Budaya Dalam Tradisi Nyadran di Kelurahan Ngantru, Kecamatan Trenggalek, Kabupaten Trenggalek, Jawa Timur? ngginakaken cara pendhekatan emik, wonten mriki peneliti budhaya menika dhasaripun wonten cariyosipun utawi punapa kemawon saking tiyang asli mriku. Jenis penelitian ngginakaken cara deskriptif kualitatif. Subjek penelitian inggih menika Lurah Ngantru, warga Kelurahan Ngantru, lan warga ing wonten ing sakitaripun Kelurahan Ngantru. Objek penelitian inggih menika prosesi tradhisi nyadran, ewah-ewahanipun tradhisi nyadran, lan surasa simbolik ubarampe ingkang dipun ginakaken wonten tradhisi nyadran ing Kelurahan Ngantru. Panggenanipun penelitian wonten ing Kelurahan Ngantru, Kecamatan Trenggalek, Kabupaten Trenggalek, Jawa Timur. Teknik pengumpulan data ngginakaken teknik observasi, wawancara, dokumentasi, lan analisis isi. Teknik analisis dhata ingkang dipun ginakaken inggih menika analisis interaktif. Teknik keabsahan dhata ngginakaken cara triangulasi. Asilipun wawancara inggih menika (1) prosesi tradisi nyadran ing Kelurahan Ngantru inggih menika (a) tadarusan, (b) ngedusi maesa, (c) mragat maesa, (d) ringgit wacucal sewengi natas, (e) tahlil ing area pesarean, (f) ruwatan, (g) jaranan, (h) pembukaan adicara, (i) ziarah, (j) larung endas maesa, (k)dahar sareng-sareng, (l) jaranan. (2) ewah-ewahan wonten tradisi nyadran ing Kelurahan Ngantru antawisipun (a) penamaan adicara, (b) kewan korban, (c) sesaji ingkang dipun larung, (d) wekdal mragatipun maesa, (e) panggenanipun masak daging, (f) panggenanipun jaranan, (g) ringgit wonten ruwatan, (h)panggenanipun dahar sesarengan, (i)ringgit wacucal sedalu natas, (j) tadarusan. (3) Ubarampe inggakang nggadahi surasa simbolis,inggih menika: (a) maesa, (b)kendhi lan clupak, (c) tebu, (d) pisang, (e) padi, (f) ayam gesang, (g) kelapa, (h)jenang sengkala, (i) mule metri, (j) buceng sanga, (k) paes agung, (l) nasi punar, (m) nyambung tuwuh, (n) brokohan, (o) jenang lima warna, (p) panggang mas, (q) lodho, (r) nasi gurih, (s) ripih, (t) dawet, tebu, lontong, (u) tumpeng amongamong, (v) buceng kuwat, (w) kupat luwar, (x) bulus angkrem, (z) keleman. Kata kunci: Perubahan Tradisi Nyadran di Kelurahan Ngantru