Qudus, Rokhanah. 2013 ?Analisis Kohesi Leksikal Dalam Novel Dom Sumurup Ing Banyu Karya Suparto Brata?. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan, Universitas Muhammadiyah Purworejo. Panaliten menika ancasipun (1) nyebataken penanda kohesi leksikal wonten novel Dom Sumurup Ing Banyu anggitanipun Suparto Brata. (2) njlentrehaken penanda kohesi leksikal wonten novel Dom Sumurup Ing Banyu anggitanipun Suparto Brata. Teori ingkang dados ancer ? ancer kagem njlentrehaken gegayutanipun praktik analisis wacana wonten panaliten menika inggih punika, teori ingkang dipunwedharaken dening Sumarlam wonten bukunipun Teori dan Praktek Analisis Wacana (2010). Jinis Panaliten menika ngginakaken pendekatan deskriptif kualitatif kanthi subjek panaliten novel Dom Sumurup Ing Banyu anggitanipun Suparto Brata lan objek panaliten menika inggih punika, penanda kohesi leksikal saking wacana novel Dom Sumurup Ing Banyu anggitanipun Suparto Brata ingkang dipunterbitaken dening Narasi, Yogyakarta taun 2006. Instrumen ingkang dipunginakaken inggih punika, panaliten piyambak lan dipun biyantu kaliyan buku ? buku pengemban panaliten sarta kertu penyerat data. Data dipunanalisis ngginakaken metode analisis kualitatif. Teknik penyuguhan asil analisis data menika ngginakaken teknik verbal. Asilipun analisis deskripsi kohesi leksikal wonten novel Dom Sumurup Ing Banyu anggitanipun Suparto Brata mratelakaken menawi aspek kohesi leksikal ingkang dipunditemokaken wonten gangsal jinis penanda. Gangsal jinis penanda kohesi leksikal menika kadosta: repetisi, sinonimi, antonimi, kolokasi, lan hiponim. Wonten gegayutanipun kaliyan aspek leksikal, analisis menika tinemu (i) Enem jinis repetisi, inggih punika repetisi epizeuksis, repetisi anadiplosis, lan repetisi mesodiplosis, repetisi anafora, repetisi epistrofa, lan repetisi tautotes; (ii) sinonim tembung kanthi tembung, tembung kanthi frasa lan sawalike, frasa kanthi frasa, lan klausa kanthi klausa; (iii) gangsal jinis antonim ingkang wonten, inggih punika antonim mutlak, antonim gradasi/kutub, antonim hubungan, antonim hirarkial, lan antonim resiprokal; (iv) kolokasi (sanding kata); (v) hiponim ingkang nggayutaken hipernim (superordinat), hiponim lan kohiponim. Kata kunci : kohesi leksikal, wacana, novel