Parno. Kajian Moral dalam Serat Brata Sunu Karya Raden Ngabehi Reksodipuro Skripsi, Purworejo. Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Bahasa dan sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo 2013. Panaliten menika gadhah ancas : (1) ngandharaken nilai moral teks Serat Brata Sunu lan (2) ngandharaken relevansi isi teks Brata Sunu. Teori ingkang dados pathokan inggih menika teorinipun Zuriah (2007) ingkang mratelakaken bilih moral menika kalebet salah satungalling bab ingkang nuntun solah tingkah lan pikiran manungsa supados nindakaken laku utama. Metode ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika metode deskriptif kualitatif. Data dipunkempalaken ngginakaken teknik baca lan teknik catat. Sumber data arupi naskah Serat Brata Sunu ingkang kasimpen ing Musium Rekso Pustaka Surakarta. Instrumen penelitian ingkang dipunginakaken arupi kartu data minangka sumber instrumen kabiyantu bukubuku ingkang relevan kalihan penelitian. Asil paneliten teks serat Brata Sunu kasebat, inggih menika wonten ing teks Serat Brata Sunu kathah ngemot nilai moral ingkang taksih relevan dipuntindakaken para mudha ing madyaning bebrayan. Nilai moral kala wau inggih menika bab (1) sesambetaning manungsa kaliyan gusti ngengingi ketaatan dhumateng Gusti ; (2) sesambetan manungsa kalihan manungsa, ngengingi ketaatan dhumateng tiyang sepuh, guru lan pamerintah, nilai kerukunan, adab sopan santun, sisihan ingkang mituhu, ugi ngengingi hak antawisipun priya lan wanita ingkang kedah sedrajad ; lan (3) sesambetan manungsa kaliyan dhiri pribadhinipun arupi mangertosi dhiri saking badaning manungsa. Kata-kata kunci : moral, relevansi, tembang