Pamungkas Tri Prasetyo. ?Kajian Sosiologi Sastra? Novel Kubur Ngemut Wewadi karya A.Y Suharyono dan kemungkinan Pembelajarannya di kelas XI SMA?. Skripsi. Program Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2013. Ancas ingkang wonten panaliten inggih punika: (1) ngandharaken tema, tokoh, penokohan, alur, latar, gaya bahasa, lan pusat pengisahan novel Kubur Ngemut Wewadi anggitanipun A.Y Suharyono. (2) ngandharaken aspek-aspek cinta kasih, moralitas, perekonomian, kekerabatan, lan kepercayaan, saklebeting novel Kubur Ngemut Wewadi anggitanipun A.Y Suharyono. (3) ngandharaken pasinaonan novel Kubur Ngemut Wewadi anggitanipun A.Y Suharyono di SMA. Teori ingkang dipunginakaken wonten panaliten inggih punika teori sosiologi ingkang dipunandharaken dening Damono. Sosiologi inggih punika paraga ingkang objektif lan ilmiah babagan manungsa wonten masarakat ingkang nyinaoni lembaga-lembaga sosial lan sedaya masalah perekonomian, keagamaan, politik lan sanesipun ingkang sedayanipun inggih punika struktur sosial. Metode ingkang dipunginakaken wonten panaliten inggih punika metode kualitatif. Subjek panaliten inggih punika teks novel Kubur Ngemut Wewadi anggitanipun A. Y Suharyono. Teknik pengumpulan data wonten panaliten inggih punika ngginakaken teknik pustaka lan teknik serat, teknik pustaka inggih punika ngginakaken buku-buku lan teori-teori ingkang ngandharaken babagan struktural lan sosiologi. Teknik seratipun inggih punika nyerat data-data arupa kutipan ingkang sampun kepanggih wonten nota serat data. Wonten teknik analisis data dipunginakaken teknik analisis isi ingkang ngandharaken unsur struktural sosiologi saklebeting novel ?Kubur Ngemut Wewadi? anggitanipun A.Y Suharyono. Saking data menika, pikantuk parembagan bilih aspek-aspek sosial ing saklebeting novel Kubur Ngemut Wewadi anggitanipun A.Y Suharyono inggih punika (1) aspek cinta kasih, katresnaning Indro kaliyan bapakipun kanthi sae, katresnaning kaliyan kelawan jenis, tresna Dhiek Titiek kaliyan Indro kanthi tulus, (2) aspek moralitas paraga utama moralipun mboten sae kaliyan Alloh lan manungsa. (3) aspek perekonomian, ekonomi kaluwarga paraga utama inggih punika golongan ekonomi menengah, (4) aspek kekerabatan, antawisipun Indro kaliyan kulawarga, lan lawan jenis kalaksanan kanthi sae, (5) aspek kepercayaan dhumateng Allah Swt, bilih Dhiek Titiek menganut kepercayaan dhumateng Allah Swt. Pasinaunan novel Kubur Ngemut Wewadi karya A.Y Suharyono wonten kelas XI SMA miturut KTSP (Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan) yang terdiri dari tujuan, bahan, metode, pentahapan penyajian, dan pencapaian tujuan sastra. Kata Kunci: Kajian Sosiologi Sastra, Novel, Pembelajaran Sastra.