Noviana Aji. Pertunjukan Jaran Kepang Turangga Mudha Budaya dalam Tradisi Suran Di Desa Kemanukan, Kecamatan Bagelen, Kabupaten Purworejo. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. 2013 Panaliten menika medhar babagan (1) Prosesi pertunjukan jaran kepang Turangga Mudha Budaya wonten ing tradhisi suran ing Desa Kemanukan, Kecamatan Bagelen, Kabupaten Purworejo, (2) Surasa simbolik ubarampe ingkang dipun ginakaken wonten pertunjukan jaran kepang Turangga Mudha Budaya wonten tradisi suran ing Desa Kemanukan, Kecamatan Bagelen, Kabupaten Purworejo. Panaliten ?Pertunjukan Jaran Kepang Turangga Mudha Budaya dalam Tradisi Suran Di Desa Kemanukan, Kecamatan Bagelen, Kabupaten Purworejo? Jenis penelitian ngginakaken cara deskriptif kualitatif. Subjek penelitian inggih menika sesepuh Desa Kemanukan, anggota paguyuban kesenian jaran kepang Turangga Mudha Budaya, perangkat desa lan warga Desa Kemanukan. Objek penelitian inggih menika prosesi pertunjukan jaran kepang Turangga Mudha Budaya wonten tradisi suran, lan Surasa simbolik ubarampe ingkang dipun ginakaken wonten pertunjukan jaran kepang Turangga Mudha Budaya wonten ing tradhisi suran. Lokasi panaliten wonten ing Desa Kemanukan, kecamatan Bagelen, kabupaten Purworejo. Teknik pengumpulan data ngginakaken teknik observasi, wawancara, lan dokumentasi. Teknik analisis data ingkang dipun ginakaken inggih menika analisis induktif. Teknik keabsahan data ngginakaken cara triangulasi. Asilipun panaliten inggih menika (1) prosesi pertunjukan jaran kepang Turangga Mudha Budaya wonten tradisi suran ing Desa Kemanukan inggih menika (a) perencanaan tradisi, (b) reresik lingkungan desa, (c) ndamel sesaji , (d) nyekar pepundhen, (e) guyang jaran (jamasan/sesuci), (f) kepungan, (g) maos donga, (h) obong menyan, (i) prosesi pertunjukan jaran kepang Turangga Mudha Budaya, (j) ndedonga. (2) Ubarampe ingkang nggadhahi makna simbolis, inggih menika: (a) sega tumpeng , (b) Sega golong, (c) sega liwet, (d) sega rasul lan ingkung, (e) Jenang abang putih, jenang baro-baro, jenang palang, (f) jajan rakan, (g) tumpeng alus, (h) gedhang raja, (i) gemblong, (j) wajik, (k) kupat lepet, (l) bonang-baneng, (m) arang-arang kambang, (n) beras lan endog pitik Jawa, (o) kinang, (p) wedang kopi, wedang teh, wedang asem, (q) jenang abang putih, (r) pupur, lawe, sisir, kaca, (s) kembang telon lan menyan, (t) badeg, (u) sekar setaman, (v) degan, (w) uripan. Kata kunci : pertunjukan, turangga mudha budaya kemanukan