Bhramono Adhi Cahyo Wibowo. Analisis Struktural Objektif Novel Cocak Nguntal Elo anggitanipun Suparto Brata lan Pepestan Pasinaonipun ing SMA. Skripsi. Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2013 Panaliten menika nggadahi ancas kangge ngandharaken: (1) struktural objektif novel Cocak Nguntal Elo anggitanipun Suparto Brata, inggih menika underan, alur, paraga lan paraganipun, latar, sudhut pandhang lan jejibahan; (2) aspek moralitas paraga ingkang wonten ing novel Cocak Nguntal Elo anggitanipun Suparto Brata; (3) pepestan pasinaonipun ingkang wonten ing novel Cocak Nguntal Elo anggitanipun Suparto Brata. Panaliten menika ngginakaken jinis panaliten deskripsi kualitatif wonten bidang sastra. Subjek ingkang dipundadosakaken ing panaliten inggih menika ing paraga wonten novel Cocak Nguntal Elo anggitanipun Suparto Brata, dipunwedalaken dening Narasi, Yogyakarta warsa 2009. Menawi Objek ingkang dipundadosaken ing panaliten inggih menika struktural objektif, nilai moralitas paraga lan pepestan pasinaonipun. Pangempalan data wonten panaliten menika ngangge teknik pustaka. Teknik analisis data ngangge metode konten analisis. Asilipun analisis panaliten inggih menika (1) struktur novel: Underanipun inggih menika sedanipun dhirektur perusahaan ing pesawat terbang. Paraga utamanipun inggih menika Wisnu, Surahana, Wening lan Sekar, paraga tambahanipun inggih menika Sukamanah, Sembada, Jaka Mardapa, Hartati lan Bu Jodhipati. Aluripun inggih menika alur majeng. Latar wonten tiga, inggih menika latar panggenan, latar wekdal lan latar sosial. Sudut pandangipun inggih menika penggangit dados tiyang ke tiga. Jejibahanipun inggih menika: ?dados menungsa boten pareng serakah kaliyan bandha, ingkang baken menawi bandha kasebat dipunngupados saking nindhakaken cara ingkang awon?; (2) nilai moralitas paraga ing novel Cocak Nguntal Elo anggitanipun Suparto Brata wonten kalih inggih menika nilai moralitas sae lan nilai moralitas awon. Nilai moralitas sae wonten novel kasebat, dipunwujudaken saking polah unggah-ungguh, kasetyan, lan piandel diri. Nilai moralitas awon inggih menika kawujud saking polah gampang nesu, lan asusila; (3) pasinaon ing novel Cocak Nguntal Elo trap kaliyan KTSP (Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan) ingkang kalebet ancas, bahan, standar kompetensi (SK), kompetensi dasar (KD), indikator, metode, strategi, sumber sinau, wekdal, lan evaluasi. Tembung Wos : Novel Cocak Nguntal Elo, nilai moralitas paraga, pasinaon.